Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Dadiyo Wong kang Ngalim - NU Online

 

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Dadiyo Wong kang Ngalim

Salah satu ciri santri yakni dia tidak meninggalkan kewajiban untuk mencari ilmu. Tidak ada batasan usia bagi para pencari ilmu. Bahkan, hingga akhir hayat, seorang santri akan senantiasa untuk belajar dan belajar. Hanya orang bodoh saja, yang merasa cukup pandai, dan berhenti belajar
 

Teks khutbah Jumat berikut ini dengan judul “Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Dadiyo Wong kang Ngalim”. Untuk mencetak naskah khutbah Jumat ini, silakan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan desktop). Semoga bermanfaat!  

Khutbah I
 

اَلْحَمْدُ ِللهِ الْمَلِكِ الدَّيَّانِ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى مُحَمَّدٍ سَيِّدِ وَلَدِ عَدْنَانَ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَتَابِعِيْهِ عَلَى مَرِّ الزَّمَانِ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، اَلْمُنَـزَّهُ عَنِ الْجِسْمِيَّةِ وَالْجِهَةِ وَالزَّمَانِ وَالْمَكَانِ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِيْ كَانَ خُلُقُهُ الْقُرْآنَ. أَمَّا بَعْدُ، عِبَادَ الرَّحْمٰنِ، فَإنِّي أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ المَنَّانِ، اَلْقَائِلِ فِي كِتَابِهِ الْقُرْآنِ: يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ وَقُوْلُوْا قَوْلًا سَدِيْدًاۙ يُّصْلِحْ لَكُمْ اَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْۗ وَمَنْ يُّطِعِ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا
 

Jamaah shalat Jumat ingkang minulya

Wonten ing pambuka sidang khutbah ingkang minulya punika, kepareng khatib ngaturaken pepeling kagem kita sedaya. Manggaha kita tansah ningkataken takwa kita, kelawan nindaake perintahe Gusti saha nebihi sedaya awisane. Mugi-mugi kita kalebet golongan ingkang angsal قidha saking Gusti Allah ta’ala.
 

وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى وَاتَّقُونِ يَا أُولِي الأَلْبَابِ
 

Artosipun: "Pada (gawa) sanguha sira kabeh, mangka setuhune luwih bagus-baguse sangu, yaiku takwa marang Allah. Lan padha takwaha sira kabeh ing Ingsun (Allah), hei wong kang padha duweni akal." (QS Al Baqarah: 197).  
 

Sidang Jumat rahimakumullah

Santri utawi murid, punika istilah ingkang dipun sebat kagem tiyang ingkang luru ilmu. Para santri padha ngaji marang tiyang ingkang ngalim utawi ingkang dipun sebat guru. Santri utawi guru, khususipun kanggone tiyang muslim, sejatosipun sedaya punika daos laku ing dalem ngamalake dhawuhipun Kanjeng Nabi Muhammad saw:
 

كُنْ عَالِمًا أَوْ مُتَعَلِّمًا أَوْ مُسْتَمِعًا أَوْ مُحِبًّا وَلَا تَكُنْ خَامِسًا فَتَهْلِكَ
 

Artosipun: "Dadiyo sira kabeh wong kang ngalim (utawa mulangake ilmune), utawa wong kang ngluru ilmu, utawa wong kang gelem ngrungoake (marang ahli ilmu), utawa wong kang seneng (marang ahli ilmu), lan sira kabeh aja dadi wong sing nomer lima (ora seneng marang ilmu), kang mangka banjur bakal cilaka." (Hadits riwayat Imam Al-Baihaqi).
 

Kajaba dalil menika, ugi wonten dhawuh saking Kanjeng Nabi Muhammad Saw, kewajiban ing dalem ngluru ilmu:
 

طَلَبُ الْعِلْمِ فَرِيْضَةٌ عَلى كُلِّ مُسْلِمٍ
 

Artosipun: ”Ngluru ilmu iku dadi kewajiban kagem saben-saben wong Muslim.” (Hadits riwayat Imam Muslim).
 

Kewajiban ngluru ilmu niku dados kewajiban sedaya tiyang, muslimin lan muslimat, jaler lan estri. Mulai alit ngantos dumugi telasing yuswane manungsa. Pramila, para santri mestine mboten bakal ninggalake kewajiban ngluru ilmu ngantos akhir hayatipun.
 

Jamaah shalat Jumat ingkang minulya

Tiyang ingkang ngalim punika gadahi kathah kautamaan. Ingkang pertama, kanthi sarana ilmu menika, Gusti Allah ta'ala bakal ngangkat derajate wong-wong ahli ilmu. Dhawuhipun Allah ing Al-Qur'an:
 

يَرْفَعِ اللّٰهُ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا مِنْكُمْۙ وَالَّذِيْنَ اُوْتُوا الْعِلْمَ دَرَجٰتٍۗ
 

Artosipun: "Allah bakal ngangkat derajate wong-wong kang padha iman lan kang padha nduweni ilmu, ing pirang-pirang derajat." (QS Al-Mujadilah : 11).
 

Kaping kalih, kautamaan kanggone tiyang ingkang ngalim, saget dados wasilah kangge angsal ganjaran Swarganipun Gusti Allah. Dhawuhipun Kanjeng Nabi saw:
 

وَمَنْ سَلَكَ طَرِيقًا يَلْتَمِسُ فِيهِ عِلْمًا، سَهَّلَ اللهُ لَهُ بِهِ طَرِيقًا إِلَى الْجَنَّةِ 
 

Artosipun: “Sapa wonge kang ngambah dalan, ing dalem pados ilmu, mangka Allah bakal maringi gampil kanggo wong iku, dalan marang Swarga.” (Hadits riwayat Imam Al-Bukhari lan Muslim).
 

Ingkang kaping tiga, kautamaan kanggene tiyang kang ahli ilmu, inggih punika saget dados pepaes. Wonten ing kitab Ta'lim Muta'alim dipun sebataken kautamaan punika:
 

تَعَـلَّمْ فَاِنَّ اْلعِلْمَ زَيْنٌ لِأَهْلِهِ # وَفَضْلٌ وَعِنْوَانٌ لِكُلِّ الْمَحَامِدِ 
 

Artosipun: "Padha ngajiyo, mangka utawi saktemene ilmu iku dadi pepaes kangge ahli ilmu, lan dadi kautamaan saha alamat marang saben-saben perkawis kang pinuji,"
 

Para sedherek rahimakumullah

Menikalah sekedik contoh saking kautamaan-kautamaan tiyang ingkang ngalim. Pramila, mangga kita ampun mandek anggene ing dalem ngluru ilmu. Ampun ngantos, kita sedaya ngrasa sampun pinter lan mandek ing dalem sinau, khususipun ing dalem ilmu agama. 
 

Minangka panutuping atur kula, mangga kita sesarengan nyuwun ing ngarsaning Allah kang Maha Kuwaos, Mugi-mugi kita dipun paringi teguh lan sabar anindaaken dhawuh-dhawuhing agami. Mugi-mugi kita sedaya dipun gampilaken, anggene kita pados ilmu, ugi saged ngamalaken ilmu kita ing dalem kesaenan. Supados angsal Ridha saking Gusti Allah. Amin ya Rabbal 'alamin.
 

جَعَلَنا اللهُ وَإيَّاكم مِنَ الفَائِزِين الآمِنِين، وَأَدْخَلَنَا وإِيَّاكم فِي زُمْرَةِ عِبَادِهِ المُؤْمِنِيْنَ : أَعُوذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمِ، بِسْمِ اللهِ الرّحْمَنِ الرَّحِيمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا  باَرَكَ اللهُ لِيْ وَلكمْ فِي القُرْآنِ العَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيّاكُمْ بِالآياتِ وذِكْرِ الحَكِيْمِ. إنّهُ تَعاَلَى جَوّادٌ كَرِيْمٌ مَلِكٌ بَرٌّ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ

Khutbah II
 

اَلْحَمْدُ ِللهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إلىَ رِضْوَانِهِ. اَللّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا
 

أَمَّا بَعْدُ، فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ، اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى: إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى، يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ، وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ
 

اَللّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اَللّهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ
 

اَللّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ
 

عِبَادَاللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ

Ustadz Ajie Najmuddin, Pengurus MWCNU Banyudono Boyolali

Baca Juga

Komentar

 Pusatin9 


 Postingan Lainnya 

Baca Juga